CARIYOS WAYANG (cerita wayang)


Serat Sudamala
                 Sang Hyang Tunggal kaliyan Sang Hyang Wisesa adul-adul dhateng Bathara Guru, bilih Dewi Uma cidra ing laki. Bathara Guru duka. Dewi Uma ingkang warninipun ayu sanget, dipunsotaken dados Bathari Durga, awarni danawa estri, mawi dipundhawuhi bilih ingkang badhe ngruwat, wuragilipun pandhawa nama Sang Sadewa. Bathari Durga lajeng dedunung wonten ing Setra Gondomaya, dados pangagenging lelembut.
                 Wonten gandarwa kalih, nama sang Citrasena kaliyan Citranggada, sami kalepatan anggenipun sembrana nalika Bathara Guru siram kaliyan garwa wonten ing sendhang. Widadara kalih dipunsotaken dados denawa, nama Kalantaka lan Kalanjaya, lajeng suwita dhateng Prabu Duryudana.
                 Wartosipun bilih para Kurawa angsal sraya danawa kalih sakalangkung sakti, punika waradiri dumugi kawulanipun Pandhawa. Dewi Kunthi ugi mireng, sakalangkunging miris panggalihipun. Saking bingungipun sang Dewi nenepi dhateng Setra Gandamaya, dipunpanggihi Bethari Durga.
                 Sareng Dewi Kunthi nyuwun gesangipun danawa kalih wau, lajeng dipundhawuhi bilih kepareng. Dewi Kunthi nyagahi, nanging sareng Bethari Durga mawi mastani Sang Sadewa, Dewi Kunthi boten sagah, lajeng pamit.
                 Sareng Dewi Kunthi kesah, Bethari Durga lajeng nyurupi Dewi Kunthi. Dewi Kunthi lajeng kondur dhateng kedhaton. Sang Sadewa lajeng dipunpundhut supados samangke badhe kaaturaken Bethari Durga. Sasampunipun ngaturaken Sang Sadewa dhateng Bethari Durga, lajeng Dewi Kunthi kondhur dhateng kedhaton.
                 Raden Sadewa dipunerut kaliyan wit randhu alus. Tansah saestu Sang Sadewa boten karsa mitutur kajengipun pun Kalika. Bethari Durga miyos, mundhut tulung dhateng Sang Sadewa supados ngruwat. Sang Sadewa matur boten saged. Bethari Durga duka. Bethara Narada nganglang, uninga yen Sang Sadewa dereng wancinipun  dipunpejahi. Lajeng Bethara Narada sowan dhateng Bethara Guru. Bathara Guru lajeng sumurup dhateng Sang Sadewa, lajeng ngruwat Bethari Durga. Wasana sanaliku, Bethari Durga wangsul malih dados ayu warninipun.
                                                                        (Bisa Basa halaman 11, tahun 2000)

Komentar

Postingan Populer