atur panuwun wonten ing acara lelayu
Atur Panuwun Saking Kulawarga
Assalamualaikum Wr. Wb
Innalillahi wa inna Iillaihi Roji’un
Sadaya punika kagunganing Allah, mila
badhe wangsul ugi dhateng Allah SWT.
Nuwun ! para pinisepuh, sesepuh, para
tamu takjiyah ingkang kinurmatan, sumangga rumiyin kita tansah ngunjukaken puji
lan syukur wonten ngarsa gusti ingkang maha kuaos , awit saking paringipun
pinten-pinten karahmatan, hidayah, saha inayah saenggo kita saged ndherek
takjiyah awit sampun murut kasidan jati almarhum bapak Bambang Sastroaji.
Para takjiah takjiyin ingkang kula
kurmati, kula ngaturaken sugeng rawuh ugi
matur nuwun dene para takjiah takjiyin sampun kapareng rawuh wonten
griya dukito punika. Dhumateng para sanak kadang tangga tepalih , kula
ngaturaken agenging panuwun awit saking kaparengipun paring pambiyantu punapa
sadaya lumampah gancar lan prayogi.
Bapak Bambang sastroaji sampun
katimbalan marak sowan dhateng gusti maha kuaos. Mbok menawi wonten ing
gesangipun anggadahi kalepatan dhumateng panjenengan sedaya, kulawarga
anyuwunaken pangapunten.
Para takjiah-takjiyin ingkang dahat
kinurmatan, boten langkung nyuwun tambahing pandonga , mugi-mugi alusipun bapak
Bambang Sastroaji katampiya kanthi sukarena dening gusti ingkang maha kuaos ,
kaparingana pangapunten sedaya dosanipun, kaparingana ganjaran sadaya ngamal
saenipun, kapapana wonten ing panggenan ingkang prayogi. Dene kulawarga ingkang
tinilar mugi kaparingana manah eklas ugi sabar tawakal.
Samanten para takjiah-takjiyin, mbok
bilih wonten atur kula ingkang boten prayogi, kula nyuwun panagpunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb

Komentar
Posting Komentar