soal bahasa jawa ulangan akhir semester gasal smp kelas 7 ktsp





ULANGAN AKHIR SEMESTER GASAL
TAHUN PELAJARAN 2016/2017

Hari/tanggal                      : Jumat, 9 Desember2016
Mata Pelajaran/kelas         : Bahasa Jawa/ VII (Tujuh)
Waktu                               : 07.15 – 09.15 WIB (90 Menit)

 


PETUNJUK UMUM:
1.     Mulailah dengan menuliskan basmalah pada lembar jawab dan berdoalah dahulu sebelum mengerjakan!
2.     Tulislah terlebih dahulu nama dan nomor pada lembar jawab yang tersedia!
3.     Kerjakan soal yang kamu anggap mudah lebih dahulu!
4.     Apabila ada soal yang kurang jelas tanyakan kepada pengawas!
5.     Periksa dan teliti kembali pekerjaanmu sebelum diserahkan kepada pengawas!
6.     Akhiri dengan menulis hamdalah pada lembar soal!

I.      Wenehana tandha silang (X)ing huruf A, B, C, utawaD sing kok anggep paling bener!

1.     Nampani tilpun iku, sakdurunge ngerti sapa kang nilpun prayogane nggunakake basa ....
A. krama alus
C. krama lugu
B. ngoko alus
D. ngoko lugu
2.     Menawa tilpun karo Pak Guru becike nganggo basa ....
 A. krama alus
  C. krama lugu
 B. ngoko alus
  D. ngoko lugu
1.Hallo, leres menika Pak Guru?
2.Hallo, menapa leres menika dalemipun Pak Guru?
3.Hallo, menika Pak Guru nggih?
4.Hallo,.. Hallo,.. Pak Guru enten mboten nggih?
3.     Ukara nomer pira kang trep kanggo miwiti nilpun yaiku nomer .... 
A. 1
C. 3
B. 2
D. 4
4.     Yen guneman karo wong tuwa kudune nggunakake basa  ....
A.  ngoko lugu
C. krama lugu
B.  ngoko alus
D. krama alus
5.     Pigunane basa ngoko yaiku, kajaba  ….
A.  kanggo micara marang wong kang padha kalungguhane
C. kanggo micara karo simbah
B.  kanggo micara wong tua marang anak
D. kanggo micara sapdha-padha
6.     Bapak mangan  soto ing warung 
Tembung kang trep kanggo ngganti  tembung kang kacitak miring yaiku ….
A.  maem
C. nedha
B.  dahar
D. makan
7.     Tembung kang isih wutuh durung oleh wuwuhan diarani tembung ....
A. lingga
C. rangkep
B. tanduk
D. andhahan
8.     Tembung ing ngisor iki sing oleh ater – ater hanuswara yaiku ….
A. lelembut
C. nyatet
B. daksapu
D. bebarengan
9.     Tetembungan ing ngisor iki kang oleh seselan yaiku ….
A. dolanan
C. nyapu
B. tinulis
D. ditulis
10.  Soal kuwi daktulis rikala kowe lunga.
Ukara ing dhuwur oleh ater – ater ….
A. andhahan
C. hanuswara
B. tripurusa
D. ater ater liyane
11.  Sabar lan setya marang garwa kuwi watake ....
A. Lesmana
C. Sinta
B. Rahwana
D. Anoman



12.  Anoman ing crita Ramayana duweni watak ....
A. sabar
C. seneng tetulung
B. angkara murka
D. setya marang raja
13.  Prabu Dasamuka kuwi duweni watak ....
A. sabar
C. angkara murka
B. wicaksana
D. seneng tetulung
http://www.pitoyo.com/duniawayang/galery/data/media/20/ramawijaya_solo.jpg14. http://www.pitoyo.com/duniawayang/galery/data/media/20/ramawijaya_solo.jpg Wayang kasebut jenenge yaiku ….
A.  Rahwana
C. Rama Wijaya
B. Lesmana
D. Wibisana
Wacan iki kanggo mangsuli pitakon nomer 15-18!
Cut Nyak Dhien
Cut Nyak Dhien iku Pahlawan Nasional Indonésia saka Aceh kang berjuang nglawan Walanda ing mangsa Perang Aceh. Sawisé wewengkon VI Mukim diserang, panjenengané ngungsi, sauntara garwané, Ibrahim Lamnga mèlu perang nglawan walanda. Ibrahim Lamnga tèwas ing Gle Tarum tanggal 29 Juni 1878 kang nyebabaké Cut Nyak Dhien murka lan sumpah bakal numpes Walanda.
Teuku Umar, salah siji tokoh kang nglawan Walanda, nglamar Cut Nyak Dhien. Wiwitané Cut Nyak Dhien nulak, nanging amarga Teuku Umar ngidinaké mèlu perang, Cut Nyak Dhien setuju palakrama ing taun 1880 kang nyebabaké moral pasukan perlawanan Aceh tansaya ningkat. Tembé mburi Teuku Umar lan Cut Nyak Dhien kagungan putra kang asmané Cut Gambang. Sawisé nikah karo Teuku Umar, panjenengané bebarengan karo Teuku Umar nerusaké paperangan nglawan Walanda, nanging, Teuku Umar gugur wektu nyerang Meulaboh ing tanggal 11 Februari 1899, saéngga panjenengané berjuang dhéwé ing pedalaman Meulaboh karo pasukané. Cut Nyak Dien wektu semana wis tuwa lan duwé penyakit encok lan rabun, saéngga siji anakbuahé aran Pang Laot nglaporaké awit krasa mesakaké. Wusanané Cut Nyak Dhien dicekel lan digawa menyang Banda Aceh, kangggo dirawat lan penyakité wiwit mari, nanging, panjenengané banjur nambah semangat perlawanan rakyat Aceh sarta isih kekanthèn karo para pejuang Aceh kang durung kecekel, saéngga Cut Nyak Dhien banjur dipindah menyang Sumedang, Jawa Kulon, lan sabanjuré séda ing tanggal 6 November 1908 lan disarèkaké ing Gunung Puyuh, Sumedang.

15.  Wacan ing dhuwur iku nyritaake perjuangane Cut Nyak Dhien ing bab ….
A. politik
C. perjuangan
B. pendidikan
D. kesehatan
16.  Miturut wacan mau, Tengku Umar gugur tanggal  ….
A.  3 Juli
C. 2 Mei
B.  6 November
D. 11 Februari
17.  Cut Nyak Dhien dicekel lan digawa menyang ….
B.  Meulaboh
D. Walanda
18.  Cut Nyak Dhien kasareake ing ….
B.  Meulaboh
D. Walanda
19.  p]ibu mi yen ditulis latin yaiku  ….
A. priyadi
C. pribumi
B. pribadi
D. pripun
20.  Sarinah ngalah , yen ditulis aksara Jawa yaiku ….
A. srinh zla\
C. frinh zla\
B. srinh zlh
D. frinh zlh
Wacan iki kanggo mangsuli pitakon nomer 21-23!
WORO-WORO

Assalamu'alikum wr.wb

      Kagem siswa kelas VII, VIII, lan IX, sesambetan kaliyan pengetan dinten Pendhidhikan Nasional, pramila para siswa kelas VII, VIII, lan IX supados nyiapaken kelasipun piyambak-piyambak kangge lomba karesikan tuwin kaendahaning kelas.
Awit saking punika, benjing :

Dinten
                                                  :  Kemis, 2 Mei 2015
Wanci
Tabuh                                     :  07.30 WIB
Papan Panggonan              
               :  SMP N 1 Gondang
Kabetahan                  
                       :  Lomba karesikan kelas

Para siswa supados mbetho piranti kangge gotong-royong damel asri kelasipun piyambak-piyambak.

Mekaten, wara-wara punika. Sageda dipun leksanakaken kanthi saestu.
Wassalamualaikum wr.wb.
                                                                                        Ketua OSIS
                                                                                     
                                                                                      Choirin Mustofa
21.  Sapa kang kudu gawa piranti kanggo gotong royong?
A. OSIS
C. Siswa
B. Guru
D. Ketua Kelas
                                                                       
22.  Kegiyatan apa sing bakal dianaake dening SMPN 1 Gondang?
A. Lomba antar kelas
C. Gotong royong
B. Lomba karesikan kelas
D. Resik resik

23.  Woro woro mau digawe dening ....
A. Pramuka
C. Guru Kesiswaan
B. OSIS
D. Para siswa
Wacan iki kanggo mangsuli pitakon nomer 24-26!
WARA – WARA

      Katujukake marang sedoyo Warga ing Sugi Waras,  Kecamatan Sido Mulyo. Gegayutan kalian Pengetan Dinten Kamerdikan lan Ambal Warsa RI ingkang kapeng 70 tahun.                  
Badhe ngawontenaken maneka warna kagiatan inggih menika:
1.     Lomba kebersihan lingkungan  antar DUKUH se-Sugih Waras.                       
2.     Lomba kesenian tradisional Antar Dukuh se-Sugih Waras, kangge Bapak – Bapak lan Ibu – Ibu.
3.     Lomba drum band kangge Adhik – Adhik Pemuda lan Pemudi antar dukuh.

Lomba badhe katindakaken :
Dinten , tanggal           :  Sabtu, 18 Agustus 2015
Wanci                          :  08.00 – pungkasane
Mapan                          : Alun – alun Kecamatan Sido Mulyo

Mekaten menggah wara – wara saking panitia lomba kamerdikan . Mugi – mugi kawigatosan dumateng sedaya warga Sugih Waras kecamatan Sido Mulyo.                 
 Nuwun.

                                                                                Sugih Waras, 10 Agustus 2015
         Ketua Karang Taruna                                                   Panitia

                                                                                                                                                    
          Rudi Hartanto                                                              Sukimin    
24.  Kang kalebu isi wara wara ing ndhuwur yaiku ....
A. arep dianaake lomba kebersihan antar Desa.
  C. lomba dianakake dina minggu ing alun alun Sido Mulyo.
B. wara wara ditujukake marang kabeh warga Sugi Waras.
D.  lomba Drum Band kanggo  bapak-bapak lan ibu-ibu.
25.  Panitia nganaake lomba-lomba mau minangka mengeti ....
A. karesikan Desa Sido Mulyo
C. Kamardikan RI
B. dina lingkungan hidup
D. resik - resik
26.  Basa kang digunaake ing woro woro mau yaiku ....
A. ngoko lugu
C. krama inggil
B. ngoko alus
D. krama lugu


Assalamu’alaikum Wr. Wb.
       Dhumateng bapak-bapak saha kadang muda RT. 02/RW 03 mriki. Bilih sampun dados adat sabenipun, mangke ing dinten ahad tanggal 16 Maret menika, kasuwun kempal wonten pos jagi sacelakipun mushola, watawis tabuh pukul 07.00. saperlu badhe gugur gunung utawi gotong-royong reresik mushola lan sakiwa tengenipun amargi dalunipun badhe wonten pengaosan akbar pengetan Maulud Nabi Muhammad SAW. Makaten pambiwara saking kula, mugi andadosaken kawigatosan panjenengan sedaya. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

27.  Tanggepan sing becik kanggo wara-wara iku ....
A. mesjid diresiki yen arep  dinggo pengajian.
C. resik-resik mesjid kuwi kagolong
becik yen rutin
B. wara wara ditujukake marang kabeh warga.
D. kudune reresik mejid tok.


28.  OSIS SMP Harapan Baru arep ... maneka werna kagiyatan kangge mengeti ambal warsa kamardikan Republik Indonesia.
A. nganakake
C. ngawontenake
B. ngadhakake
D. ngawontenaken

Jaman Iki Wis Banget Tuwa
(Dening: Turiyo Ragil Putro)
Ngger, anakku
Jaman iki wis banget tuwa
Kabudayan wis rontang – ranting
Mung kari crita

Aja maneh Sinom, Dhandhanggula, utawa Gambuh
Salarik guritan wae wis ora ana sing nggape
Kajaba kerlap-kerlipe lintang ing langit kana
Sing setya ngrenggani sepine wengi
Binarung ngambare cempaka sari

29.  Wos utawa isi saka geguritan ing duwur yaiku ....
A. lintang ing langit.
C. pangajab marang kabudayan.
B. kabudayan Jawa kang rontang - ranting
D. kabudayan ing sepine wengi.
30.  Tegese tembung nggape ing geguritan mau yaiku ....
A. nggatekake
C. mudeng
B. ngerti
D. lali
31.  Ing ngisor iki kang ora kelebu tata cara nelpun yaiku ....
A. nganggo uluk salam nalika miwiti.
C. nggunakake unggah-ungguh basa kang trep.
B.. ora pamit nalika nutup telpun.
D. nepungake jenenge marang sing nampa telepun
32.  Bab kang kudu digatekake nalika guneman ing telpun yaiku ...
A. intonasi lan nada
C. carane telpun
B. sikap
D. vokal
33.  Kang sapisan dilakokake menawa nampa telpun yaiku ....
A. njawab salam
C. nepungake jeneng
B. nakokake kaperluan
D. nganggo unggah
ungguh
34.  Nampa telpun becike nganggo basa ...
A. ngoko lugu
C. krama lugu
B. ngoko alus
D. krama alus

Bu Winda : “Assalamua’alaikum. Menika Bu Winda, badhe pinanggih sinten nggih ?”
Bu Shinta : “Wa’alaikum salam. O… Bu Winda. Dalem Bu Shinta, Bu. Badhe pinanggih bapak wonten Ibu ?”
Bu Winda  : “Wah, Bu. Bapak saweg tindak. Wonten ingkang saged kula biyantu ?”
Bu Shinta   : ”Makaten, Bu. Nyuwun tulung mangke bapak dipunaturi pirsa bilih sepatunipun sampun dados, saged dipunpendhet benjing. Matur nuwun, Bu. Assalamu’alaikum”
Bu Winda    : “Sami-sami, Bu. Wa’alaikum salam”
35.  Underaning rembug pacelathon mau yaiku ....
A. badhe pinanggih bapake bu Winda
C. bu Shinta nitip weling kanggo bojone Bu Winda
B. atur atur bu Winda
D. nitip sepatu
36.  Sepatu sing wis dadi duweane ....
A. Bu Winda
C. bojone Bu Winda
B. Bu Shinta
D. bojone Bu Shinta
37.  k]jn\  yen ditulis aksara latin yaiku ....
A. prambanan
C. kraton
B. kreta
D. krajan
38.  k}t  yen ditulis aksara latin yaiku ....
A. premana
C. kraton
B. pramana
D. kreta
39.  Kang ora kalebu tujuan poster utawa iklan yaiku ....
A. kanggo menehi pawarta
C. golek pagawean
B. kanggo nawakake barang
D. sarana informasi
40.  Poster utawa iklan kuwi dipasang ana ing ....
A. kamar
C. papan umum
B. pawon
D. omahe dewe




II.      Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang cekak !


1.     Ibu kaliyan bapak nembe ... dhateng griyanipun simbah.
2.     Bagas                 : “Ibu ... jam pinten, pak saking pasar?”
Pak Agus            : “Jam 12 awan le.”
Tembung kang trep knggo njangkepi pacelathon mau yaiku ....
3.     Watake Ramawijaya yaiku ....
4.     Paraga wayang ing crita Ramayana kang duweni watak kendel lan netepi kesaguhan yaiku  ....
5.     Salah sijining tata cara nelpun yaiku ....
Budi : “Hallo, sugeng sonten.”
Jono : “Sugeng sonten”
Budi : “ .... “
Jono : “Nggeh leres, menika kula, Jono.”
6.     Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing duwur yaiku ....
7.     Sepi ing pamrih rame ing gawe.
Paribasan kuwi tegese ----
8.     Jendral Sudirman mimpin perang kanthi ditandhu, tegese ditandhu yaiku ....
9.     mev=swh  yen ditulis aksara latin yaiku ....
10.  Wayang kulit menawa ditulis aksara Jawa yaiku ..


III.   Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi bener lan cetha!


1.     Gawea pacelathon utawa dhialog kang nyritakake kowe lagi pengen nyuwun duwit marang wong tuwamu kanggo tuku buku sekolah!
2.     Gawea  poster kang temane lingkungan nganggo basa  Jawa kang becik!
3.     Gawea pacelathon telpun kanthi crita kaya mangkene!
Andi nelpun ing omahe Dory, sing nampani bapake Dory, Yaiku Pak Jono. Andi arep ngajak Dory sinau kelompok ing omahe Parno.
4.     Ukara ing ngisor iki tulisen aksara Jawane!
1.  Ambar mangan bubur kacang ijo.
2.  Sarinah ajar nembang macapat.
5.     Aksara Jawa iki tulisen aksara latine!
bmB=luzmev=sur bynumPkK~t






Komentar

Postingan Populer